No : 27/VII G/PHMJ/04/2012
Tanggal : Minggu, 15 April
2012
Renungan Singkat :
Lukas 24:38
MANGU-MANGU
“yagene kowe
padha kaget apa sababe dene kowe kathukulan rasa mangu-mangu ana ing sajroning
atimu?”
Wonten unen-unen
“mangu-mangu punika bebukanipun kapitadosan” estunipun mangu-mangu bade
ndadosaken kita pitados yen mangu-mangu menika pikantuk wangsulan ingkang
ngantepaken kita. Wonten ing babagan iman menapa ugi mekaten?
Para sakabat
mangu-mangu nalika pinanggih Gusti Yesusawit estunipun para sakabat mboten estu
mangertos menapa dhawuhipun Gusti Yesus nalika taksih ngempal kaliyan para
sakabat. Para sakabat mangu-mangu awit ingkang dipun mangertosi inggih menika
Gusti Yesus sampun seda. Estunipun pawartos sedanipun Gusti ugi kasarengan
kaliyan pawartos wungunipun. Ingkang dipun emuti dening para sakabat namung
sedanipun Gusti. Karana seda menika pinasthi. Dene wungu estu kaetang mokal,
karana pancen mboten wonten tiyang seda saged wungu malih. Para sakabat namung
menggalih pamanggihipun piyambak, boten menggalih dhawuhipun Gusti.
Wonten gesang kita ugi
makaten. Yen kita namung pitados dhateng Gusti ingkang seda tamtu kita ugi
nggadhahi iman ingkang sedhih, sumelang lan ajjrih kemawon.
Yen kita langkung
asring namung menggalih pemanggih kita piyambak, kita badhe asring nggadahi
raos mangu-mangu. Yen nggadahi masalah menika saged uwal. Yen kita nandhang
sakit, kita gampil nalangsa lan sisah. Yen kraos mangu-mangu boten dados
menapa, menika limrah. Nanging manga enggal menggalih dhawuhipun Gusti ingkang
yektos bilih Gusti Yesus saestu gesang lan kagungan pangwasa ingkang
nglangkungi sadhengah prakawis lan panandhang.
MANGU-MANGU
KEDAH NAMUNG WIWITAN “CANDHAKIPUN KEDAH NGUPADI ANTEPING WANGSULAN”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar