Minggu, 15 April 2012

Warta Jemaat 8 April 2012


No             : 25/VII G/PHMJ/04/2012
Tanggal      : Minggu, 08 April 2012

Renungan Singkat :
                      Bacaan Kolose 3:3

KATANGEKAKE
“Sebab kowe wus padha mati lan uripmu iku sinengker kelawan Gusti Kristus ana ing Gusti Allah.”

                   Rasul Paulus paring pepenget dhumateng tiyang tiyang ing Kolose bab maknaning wungunipun Gusti Yesus. Naming awit saking wungunipun sang Kristus ingkang njalari tiyang pitados ugi katan gekaken. Pitakwnanipun punapa tegesipun bilih tiyang pitados menika katangekake? Kapan titiwancinipun tiyang pitados menika katangekaken? Miturut Paulus gesang ing Sang Kristus menika gesang Enggal. Ingkang kawastanan gesang enggal inggih menika gesang ingkang benten kabandingaken sakderengipun pitados dhateng Sang Kristus kapitadosan Kristen menika kawiwitan ing wungunipun Sang Kristus.
                   Dados “katangekaken” tegesipun tumindak nilar tata gesang ing sajawining karsanipun sang Kristus lajeng ngrasuk gesang ing salebeting pangwaosipun Sang Kristus. Ing ayat 3 kadhawuhan “sabab kowe wus padha mati…” kados dene tiyang ingkang sampun tilar, tamtu sadaya tumindakipun ugi tumut pejah. Inggih makaten pemanggihipun Paulus. Temahan samangke tiyang pitados ing Sang Kristus kawastanan dipun tangekaken. Lan kanthi makaten tiyang pitados miwiti pigesangan enggal.
                   Srana katangekaken gesangin tiyang pitados samangke “sinengker” kalawan Gusti Kristus ana ing Gusti Allah. Tegesipun manunggal kaliyan Gusti Allah. Saradun ing gesan dipun alami wonten ing Sang Kristus. Dados punapa kemawon ingkang dipun alami lan dipun lampahi kedah salaras kaliyan katresnan lan karsanipun Gusti Allah.

“PRATANDANING GESANG ENGGAL KATITIK ING LAMPAH CUNDHUK KALIYAN KATRESNAN LAN KERSANING GUSTI”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar